Senin, 04 Mei 2015

"WEJANGAN PARA PINI SEPUH"

"WEJANGAN PARA PINI SEPUH"
Falsafah Jawa Ronggo Warsito.

Rejeki iku ora iså
 ditiru....,
Senajan pådå lakumu,
Senajan pådå dodol anmu,
Senajan pådå nyambut gawemu.

Kasil sing ditåmpå bakal bedå2....,
Iså bedå nèng akèhé båndhå,
Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati,
Yåaa iku sing jenengé bahagia....

Kabèh iku såkå tresnané  Gusti kang måhå kuwåså.....,
Såpå temen bakal tinemu,
Såpå wani rekåså bakal gayuh mulyå.
Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi.....

Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuwåså,  Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané....,
Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé,
Nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå.

Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lair tekané pati....,
Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet.

Welingé wong tuwå, åpå sing ånå dilakoni lan åpå sing durung ånå åjå diarep-arep, semèlèhké atimu, yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu, åpå maneh kok ngrebut såkå wong liyå nganggo cårå sing ålå, yå dientèni waé, iku bakal gawé uripmu lårå, rekåså lan angkårå murkå sak jeroning kaluwargå, kabeh iku bakal sirnå balik dadi sakmestiné.

Yèn umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi wong sing ora duwé.
Untungé ayem isà diduwèni såpå waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahké uripé marang
GUSTI ALLAH KANG MURBENG GESANG

diposting oleh Arief Ha Pe @ 18.57  

1 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda